Serat Centhini (Suluk Tambangraras) - Episode 12 PDF

Title Serat Centhini (Suluk Tambangraras) - Episode 12
Author Arif Rohman, PhD
Pages 399
File Size 696.1 KB
File Type PDF
Total Downloads 262
Total Views 803

Summary

1 (Jayèngrêmi, Jayèngraga sarabinipun saking Wanataka) Lampahipun Jayèngrêmi, Jayèngraga sarabinipun saking Wanataka dhatêng Wanamarta ginarubyug para mitra kulawangsa, mampir-mampir ing dalêmipun para Kyai mitranipun Ki Bayi Panurta, nyipêng lajêng nêrusakên lampah. Para Kyai sami tumut, badhe sowa...


Description

1

(Jayèngrêmi, Jayèngraga sarabinipun saking Wanataka) Lampahipun Jayèngrêmi, Jayèngraga sarabinipun saking Wanataka dhatêng Wanamarta ginarubyug para mitra kulawangsa, mampir-mampir ing dalêmipun para Kyai mitranipun Ki Bayi Panurta, nyipêng lajêng nêrusakên lampah. Para Kyai sami tumut, badhe sowan Ki Bayi Panurta saengga rombonganipun tambah-tambah ngantos dados tiyang salangkung. Dumugi ing Ngardipala ing dalêmipun Sèh Malangkarsa rombongan kinurmatan lan sinugata. Dalunipun sasampuning dhahar kêmbul, lajêng têrbangan, singiran, emprak, ojrat, dipundhulêngi para èstri. Ni Pêlangi bojonipun Sèh Modang wasis andhulêng, gandrung dhatêng Jayèngraga. Rarasati, rabinipun Sèh Amongraga, mangêrtos lan tansah ngulatakên. Sèh Amongraga lan Ni Selangbrangti rawuh kadhèrèkakên Ragarêsmi, ngimami salat, tumut narêbang lan paring piwulang sawatawis. Sèh Amongraga sapandhèrèk musna. Bakda Subuh rombongan nglajêngakên lampah. Sèh Malangkarsa kalayu badhe sowan Ki Bayi Panurta. Kaca 01 - 24. Jilid 12 - Kaca : 1 SÊRAT CÊNTHINI XII

1.

691 Asmaradana Kae Sèh Malangkarsèki | mijil paregolanira | pangguh lan para tamune | gupuh dènnya uluk-salam | pan samya sinauran | ngalaèkumu salamu | laju ngancaran kewala ||

2.

Sadaya samya umiring | kerit marang wismanira | ngaturan lunggyèng salune | atata dènnira lênggah | anèng paningratira | sira Sèh Malangkarsèku | gupuh dènnya jawat-tangan ||

3.

Kae Sèh Mangunarsèki | gêpah rahab sasalaman | gantya-gantya sadayane | myang para rubiyahira | samya aturkên salam | < Serat Centhini Jilid 12 - Halaman : 1 >

kang kulawangsa tan kantun | samya ngabêkti tur salam || 4.

Binagya wau kang prapta | alon mangsuli wacana | raharjèng palakramane | Sèh Malangkarsa anabda | mring pawong èstrinira | sira timbalana gupuh | nyainira maring ngarsa ||

5.

Kang liningan mentar nuli | tan adangu nulya prapta | Malangrêsmi ing ngarsane | ngling sira sasalamana | lan para arinira | iku kang asring sun-tutur | Sèh Mangunarsa Wanantaka ||

6.

Sèh Gungrimang kang taruni | kalawan rubiyahira | Jèngraga Jayèngrêsmine | kang kinèn anulya gêpah | dènnira sasalaman | sarya panêmbramanipun | pambagya mring tamunira ||

7.

Agupuh tur salam sami | mangsuli kramaning sabda | katêmbyan rèh basukine | Nikèn Malangrêsmi mulat | marang para rubiyah | jinawab kumpula lungguh | waela tri rinakêtan ||

8.

Langkung sih siniyanèki | Nikèn lan para waela | saking tyas samya katêmbèn | Malangrêsmi anambrama | yayi katêlu pisan | sami kantuna alungguh | sakêdhap ingong babêthak ||

9.

Mariksani kang sasaji | waela tri tur sumangga | saryarsa nut mring pa-awon | samya datan sinung lunga | Malarêsmi gya mentar | anjênêngi kang angukus | angrukti karya sugata || Jilid 12 - Kaca : 2

10.

Sèh Malangkarsa ngling aris | yayi saking Wanantaka | wanci punapa angkate | < Serat Centhini Jilid 12 - Halaman : 2 >

punapi nananggêl lampah | tuwin maruput enjang | Sèh Mangunarsa nor wuwus | inggih awalipun enjang || 11.

Radi karêmbênên dening | rewang pidak lan rubiyah | ing lampah sapakantuke | jalwèstri samya sumêdya | panggya paduka kakang | ngiras nguntap lampahipun | Jayèngrêsmi Jayèngraga ||

12.

Kalihnya samya amulih | mring karajan Wanamarta | wus antara ing lamine | kapisah ing yayah-rena | dungkaping têkèng mangsa | saking têbih parêkipun | sangating nis panca warsa ||

13.

Malangkarsa mèsêm angling | e yayi Alhamdulillah | andhatêngakên pamule | pamitra têkèng sudarma | yayi yèn makatêna | manira mèlu tumutur | singgih marang Wanamarta ||

14.

Yun papanggya (n)Jêng Kiyai | guru Ke Bayi Panurta | wulangun manira rêke | sadaya suka nor-raga | myarsa ing wuwusira | Kae Sèh Malangkarsèku | tumutur inguntap lampah ||

15.

Tan dangu wau kang prapti | para mitranira papat | Pariminta Mongsarine | Trêsnaraga lan Sèh Modang | tan srênti dènnya prapta | sarta mêngakakên pintu | sarêngan dènnya luk-salam ||

16.

Gupuh kang sinungan angling | nauri panjawabira | samya angingsêr linggihe | anèng ing bale watangan | têgêse bale dawa | amèpèt dènnira lungguh | Sèh Malangkarsa ris nabda ||

17.

Kang samya rahab tur taklim | ing tatamu jalma tama | < Serat Centhini Jilid 12 - Halaman : 3 >

kang sabên sun-pajarake | kang sinung ujar agêpah | dènnya anjawat-tangan | marang Sèh Mangunarsèku | miwah Ki Sèh Anggungrimang || 18.

Tuwin maring Jayèngrêsmi | kalawan Ki Jayèngraga | saha bagya wulangune | winangsulan karaharjan | wus tata lungguhira | myang para rubiyahipun | Sèh Pariminta Sèh Modang ||

19.

Anunggil lênggah samyèstri | pan samya salam-salaman | kupu samya waelane | kalangkung rakêtanira | katêmbyan rèh papanggya | arahab rarasan ngèlmu | padha wadon liliriyan ||

20.

Sèh Malangkarsa ngling aris | mring pangulu Basariman | priksanên nyaimu kae | yèn wus samya asasajwa | kon-naoskên ing ngarsa | kang liningan mentar gupuh | matur mring Malangrêsmi ka ||

21.

Kinèn sasaji ing ngarsi | Ni Malangrêsmi agêpah | anuduh mring pawongane | Ulangan sigra angatak | mring rowang nampa dhulang | wus samya kerit mangayun | prapta rampadan tinata ||

22.

Bucu mêgana kêbuli | pulên wuduk liwêt tambra | sêmoa lam-ulamane | opor bèbèk pindhang banyak | agya ti susujènan | yêm mênjangan lan bêtutu | bêlbêt surung basngèk ayam ||

23.

Lombok kêncêng lawan pêtis | dhèndhèng nganjèn lan masrènan | myang palimpuk duduh koyor | abon êmpal kisi lidhah | rambak sayadan rêmpah | bon rêmus karupuk têrung | tim dara gêcok-gênêman ||

Jilid 12 - Kaca : 3

< Serat Centhini Jilid 12 - Halaman : 4 >

24.

Gorèngan kathik gulathik | sangkêp saliring lawuhan | sambêl lan lalabane | wusnya dènnira atata | Kae Sèh Malangkarsa | aris pangancaranipun | wawi samya wawantingan ||

25.

Sumapala cadhang bukti | karana Allah kewala | ing sawontênipun rêke | agêpah ingkang liningan | angrabbi ing pasojar | sadaya sarêng tuturuh | (n)dan lêkas samya anadhah ||

26.

Akêmbul jalu lan èstri | kapang nèng salu paningrat | sami ambêng dhewe-dhewe | miwah lêlawuhanira | pan rinampad priyangga | pra waela sadayèku | pikantuk dènnira nadhah ||

27.

Pra priya samya tan pati | ngathahakên ing anadhah | wus lantèh pariyalate | mangkana dènnira nadhah | antara dangunira | luwaran samya tuturuh | ambêng nuli cinarikan ||

28.

Ulangan lawan Cênthini | anglorodakên rampadan | sinungkên kulawangsane | samya tinadhah akapang | warata pawongira | jalu èstri samya nutuk | tuwuk tan ana kang kurang ||

29.

Sèh Malangkarsa ngling aris | nyarakkên dhaharanira | sumangga sami ginape | pangusaping amisan | punapa kang kinarsan | gêpah ingkang sinung wuwus | angalap sasênêngira ||

30.

Nyamikan kang manis-manis | pamangsêg sasênêngira | pra waela suka tyase | rahab dènnya rarakêtan | apan tawa-tinawa | samya gantya asung sinung |

Jilid 12 - Kaca : 4

< Serat Centhini Jilid 12 - Halaman : 5 >

rubiyahira Sèh Modang || 31.

Kang nom sira (m)bok Pêlangi | sadangunira lungguhan | paliringira pan wèngwèng | mung mêndir mring Jayèngraga | iriban lan kang lanang | liringe tan pati pagut | Pêlangi ciptaning driya ||

32.

Dingarènne wong asigid | tan ngugêr pancêring tingal | êman bae wong abancèr | angowahi paliringan | anyuda prayèng naya | smakèyan kang wuwuh bagus | awiwing kaya arjuna ||

33.

Cahyane ambusanani | liringe gawe wigêna | paran baya darunane | nora kaya biyèn ika | akarya lara branta | sasolahe awèh wuyung | kae bagus Jayèngraga ||

34.

Mêngko iki angoncati | asangkrib pangèksinira | tan karsa ningali mring ngong | ya ta lah nora kaya-a | baguse Jayèngraga | cinadhang lèlèjêmipun | tan pisan anglawanana ||

35.

Solahe nimbok Pêlangi | dènnya anênancang tingal | mring Jayèngraga ulate | lêlewane kawistara | angambil nyanyamikan | kumlawe mlaku kadulu | marang Kae Jayèngraga ||

36.

Sing anyamikan dèn-ambil | pan ginigit uga ora | mung pijêr amandêng bae | Jayèngraga ciptèng driya | dene nora kaya-a | iku setan (ng)ggawa dhadung | ngudha-udha dhêdhèwèkan ||

37.

Mêncêngis bêlis maringis | anggonjak bèdruning driya | iku wong tan na sêbute | Rarasati wruhing cipta | kalamun ingkang raka | < Serat Centhini Jilid 12 - Halaman : 6 >

kinandhang dening pandulu | sasmita asêmu prana || 38.

Mring Turida dènnya angling | netra kang datan kumêdhap | botên walang-walang bae | sanadyan êpring lan ula | tuwin ulam êlohan | nadyan jalma kadhangipun | wontên tan bisa kumêdhap ||

39.

Mlolo kewala mucicil | Turida nauri sabda | ngêndi ana wong tan kêdhèp | Rarasati mèsêm mojar | ririh anjawil pada | puniku tiyang andulu | mring arinta Jayèngraga ||

40.

Turida mulat ngrêngoni | supaya aywa kadawa | Pêlangi sumêdhot tyase | kawangun liringira | apucêt netyanira | ketang wirang jroning kalbu | mring waela Rarasatya ||

41.

Susumèh aminta kapti | rumakêt anor wicara | amanohara wuwuse | wus kasaman rahabira | tan mantra ing sanitya | kapundhuhan rakêtipun | tan dangu rênguning driya ||

42.

Sèh Malangkarsa ngling aris | jêbèng Kae Mangunarsa | mênggah ing rarasan rêke | kang lapal kulu sae-an | aliunna wajitah | kadipunêndi puniku | mahadabipun kang purna ||

43.

(n)Dungkapipun ing kajatin | yayi yogya madhangêna | rungsiting ngèlmu ijmahe | kiniyas lawan ngain-nya | kususing kanyata-an | Sèh Mangunarsa nor wuwus | singgih kakang Malangkarsa ||

44.

Kang lapal kulusae-in | aliun wahjatah punika | kang ingucap sawijine |

Jilid 12 - Kaca : 5

< Serat Centhini Jilid 12 - Halaman : 7 >

samadaya kengang rusak | makluk sagala donya | sejirim mungkin mabau | wus pinasthi gantung rusak || 45.

Dening Hyang Kang Maha Sukci | amung sawijining kila | kawulaning Hyang Kang Mansoh | suhul anèng pangayunan | ngupamakkên punika | mukanipun Hyang Maha Gung | saèstu tan kenging rusak ||

46.

Sujalma kang wus sinung sih | marang ing sira Pangeran | dinoh saking pasiksane | bab ingkang puniku kakang | tan kenging ginagampang | kang sinung upami wau | minangka mukaning Sukma ||

47.

Punika jatining jalmi | wus man ing dalêm ngagêsang | kang sampun sagêd anungge | subranta maring Pangeran | tan ana lyan kaèksan | kalawan pribadinipun | sumangga (n)dungkaping cipta ||

48.

Sadaya mèsêm miyarsi | rèh sampun sami kaduga | tan ana waon-winaon | rèh sampun atunggal tingal | tan pae pangartinya | kasaman kupu ing kalbu | angranggoni lèjêmira ||

49.

Sèh Malangkarsa ngling aris | yayi puputing rarasan | pênêde sunat sêsambèn | wawi sami tarêbangan | salawat pujining Hyang | yayi ing riki wus têmtu | adate ing Ngardipala ||

50.

Kang dados pangatêr dikir | ing ngriki mung kakêntrungan | lawêding ngèlmu-rasane | alambar suluk Panamar | sêmuning rasa jatya | bungkaking kanênganipun | pangojratira Hyang Sukma ||

Jilid 12 - Kaca : 6

< Serat Centhini Jilid 12 - Halaman : 8 >

51.

Sèh Mangunarsa ngling aris | inggih utawi kinarsan | jalar palaling Hyang rêke | mèsêm Ki Sèh Malangkarsa | angling marang Sèh Modang | lah konên ngambil kêntrungku | Bin-uwah kalawan têrbang ||

52.

Wasisan tarêbang mami | Basariman dèn a-enggal | yèn ana tarêbang manèh | têka ro êngkas kewala | agupuh ingkang liningan | angambil tarêbangipun | tan dangu prapta ing ngarsa ||

53.

Katur ing Malangkarsèki | tinampan nulya sinêntak | Sèh Modang nêntak têrbange | si Sontri sampun ginêmbrang | Mongsari kêntrungira | Tisnaraga nêrbang wau | miwah Ki Sèh Pariminta ||

54.

Kae Sèh Malangkarsèki | tarêbange si Kumandhang | wong lima mangku têrbange | Sèh Malangkarsa ris mojar | lah payo pra wadonan | myang yayi sadayanipun | prayogi sunat salawat ||

55.

Sumangga turira sami | Sèh Modang lan Pariminta | katêlu Amongsarine | kang abawa singirira | (n)dan lêkas asalawat | la ilaha ilolahu | Mukamadun Rasullolah ||

56.

Gya sadaya naurani | èstri priya barung swara | arampak arum swarane | kalangkung asri kapyarsa | agobyog panêrbangnya | abêbanggèn pong-trung-pong-trung | thung-plêg thung-plêg dhêng thung-thung brang ||

57.

Kathah lêlambanirèki | ukur bêbanggèn kewala | narêbang bêsus-bêsuse | tutuk sèlèhing sauran | tinampan singirira | anglik singir tan kantu | < Serat Centhini Jilid 12 - Halaman : 9 >

swara têtêlon araras || Jilid 12 - Kaca : 7 58.

Sajak saukêle sami | cengkoke nora sulaya | apan wus kakancuhane | sèlèh singir sinauran | jalu èstri araras | ramya sru swara karungu | tangga parêpating desa ||

59.

Gumriwis akèh kang prapti | dhasar têrang padhang bulan | tuwa anom lanang wadon | samya marang Ngardipala | suka nonton tarêbang | saking lor kidul adulur | sami prapta ing pandhapa ||

60.

Kang uwus duwe pangarti | Ke Malangkarsa tamuwan | wong bagus ro biyèn kae | Jayèngrêsmi Jayèngraga | ing mêngko malih prapta | ngong-tutukne wor pandulu | bêngi yèn branta maring wang ||

61.

Samya mangkana ciptèki | rara randha nom walanjar | angayu-ayu abraèn | sabisane wong adesa | rêrêsik matut sandhang | amamangi nginang arum | myang sêkar gajah-olingan ||

62.

Mangkana dènnira singir | dènnya talu sarambahan | suwuk maca salawate | Ke Malangkarsa ris mojar | mring kaum Basariman | lan Ulangan pawongipun | kinèn nyaoskên sugata ||

63.

Kang liningan sandika glis | Ni Ulangan Basariman | anuduh pawong mitrane | yata wau ingkang prapta | Sèh Adi Amongraga | lagya nèng palataripun | santri Monthèl tinimbalan ||

64.

Praptèng ngayun angabêkti | nulya kinèn sung uninga | tur sandika santri Monthèl | matur mring Sèh Malangkarsa | < Serat Centhini Jilid 12 - Halaman : 10 >

lamun Sèh Amongraga | nèng palatar têmbe rawuh | agupuh sadayanira || 65.

Ngudhuni kang wau prapti | sigra Ki Sèh Malangkarsa | tur salam atur sêmbahe | miwah pra ari mitranya | tur bêkti samadaya | nulya ingaturan laju | anèng sajroning kang wisma ||

66.

Anging Mongraga tan apti | akarsa anèng pandhapa | gya tinata gêlarane | nulya samya parêng lênggah | lan garwane keringira | Cênthini marêk ing pungkur | lan Monthèl tan kêna têbah || Jilid 12 - Kaca : 8

67.

Sadaya ingkang ningali | mring Sèh Adi Amongraga | langkung sumunu cahyane | kabèh tan kawawa mulat | sanginggil patênggêkan | samya amêpês tumungkul | langkung jrih pagutan netra ||

68.

Sèh Malangkarsa ngling aris | maring ing rubiyahira | sira babêktiya age | marang sang Sèh Adimulya | tuwin marang sang Waela | ingkang tinuduh ing kakung | Malangrêsmi gya mangarsa ||

69.

Tur bêkti marang sang yogi | sumêmbah angaras pada | nulya ngabêkti mring Nikèn | saha panêmbramanira | pambagya karaharjan | winangsulan sabda ayu | gantya pra ari rubiyah ||

70.

Sira Nikèn Rancangkapti | Turida lan Rarasatya | miwah pra rubiyah kabèh | kumarubut tur pranata | warata sadayanya | lungguh pra èstri akumpul | tata dènnya lulungguhan ||

71.

Sèh Mongraga ngandika ris | yayi Kae Malangkarsa | < Serat Centhini Jilid 12 - Halaman : 11 >

lagya punapi kayune | tingale asusunatan | matur Sèh Malangkarsa | singgih mawi awon nganggur | samya sunat kêkêntrungan || 72.

Sèh Amongraga nauri | lah yayi mara tutugna | sunat dadi pamujine | samya kakêntrungan ojrat | utama dhinulêngan | anjujunun ing Hyang Agung | apupuji linagonan ||

73.

Kae Sèh Malangkarsèki | mèsêm dènnira wacana | yayi Sèh Modang ing kono | kinarsan kinèn angojrat | sapa kang andhulênga | Sèh Modang mèsêm umatur | anjawi rayi paduka ||

74.

Apan inggih pun Pêlangi | kang dhulêng singir aojrat | tan wontên liyane manèh | kang sagêd andhulêng ojrat | swaranipun prayoga | pawèstri sawawratipun | sarwa pikantuk kewala ||

75.

Swara sulukipun wasis | pandhulênge awiraga | Malangkarsa mèsêm linge | lah ya ta mara Bismillah | prandene wus kalilan | nulya Sèh Modang anuduh | marang ing rubiyahira ||

76.

Anulya Nimbok Pêlangi | sumandhing ing priyanira | nulya alêkas bawane | lagon Sêkar Gadhung mêmbat | la ilah haillah | Mukamadun kabibbuhu | padakammad salalaha ||

77.

Tinampan kèh naurani | swara jalwèstri araras | arêmpêg tan na sarêntèn | kêntrung tarêbang barungan | gumêr ramya kapyarsa | pong-brung pong-pêg pong-brung | thung-plêg thung-plêg dhung pungpung brang ||

Jilid 12 - Kaca : 9

< Serat Centhini Jilid 12 - Halaman : 12 >

78.

Sang Kae Sèh Amongraga | amundhut kêntrung tinabah | animbangi tanduk rêke | sajake akêtipungan | lêlamban lêliriyan | dadya sadaya asêngkut | dèna abarung silawat ||

79.

Sèlèhing sauranèki | Ni Pêlangi (n)dan amênyat | andhulêngi mong kêmbêne | sarwi nglik swara lantas | amêrit wuluh irat | gêtas rênyah manis arum | sêmbada parikanira ||

80.

Wontên wanita sinung-sih | ing priya pandhitotama | purwa duksina dêlinge | wadon wajib (ng)guguruwa | mring priya kang utama | lah takokna dèn-aparlu | masalah wolung prakarsa ||

81.

Ingkang dhingin bab maskawin | Allah kalawan Mukamad | ping ro Ngaras lan Kursine | kaping tri maskawinnira | dalu kalawan siyang | ping pat lintang lawan ngèlmu | ping lima èstri lan priya ||

82.

Ping nêm surya lawan sasi | miwah bantala akasa | swarga nraka maskawine | aywa katungkul nèng donya | sayogya gurokêna | ywa pijêr ulah cacênthung | ujare kang asung cipta ||

83.

Maskawin kawula Gusti | pan patêmoning nurrollah | kalawan uripe rêke | maskawin Ngaras Kursinya | sapatêmoning rasa | lan wahya kajatènipun | maskawin èstri lan priya ||

84.

Têmuning roh lan jasmani | maskawin ngèlmu lan lintang | aib mustahar têgêse | têmuning atingal cipta | sanyata osikira | anèng jinêming jajantung | < Serat Centhini Jilid 12 - Halaman : 13 >

maskawin kasa bantala || 85.

Têmuning murah lan asih | nyatèng utêk lan sirrolah | maskawin siyang ratrine | têmuning arip lan netra | rasaning kanugrahan | tan ana karasèng kalbu | turu dununging supêna ||

86.

Wêkasane kang maskawin | kang swarga lawan naraka | patêmoning nêpsu rêke | singgih lawan budinira | panunggaling dhirinya | nyatèng ala bêcikipun | kang wruh pisah kumpulira || Jilid 12 - Kaca : 10

87.

Puniku dipun kaèksi | sakèh maujud sadaya | [...] | ingkang bangsa ati puat | mungguh sira Pangeran | nyata tinggal jiwa wujud | maujuding dhawakira ||

88.

Samya karênan kang mèksi | mring kang andhulêng aojrat | yèn wus têkèng sèlèhane | tinampan bawa sauran | ngalêtêr akalangan | abêsus saengga gambyung | sisirig munyêt tingtingan ||

89.

Kadya tinutus kang liring | kapara pat-mara lima | dununge branta wirage | dhat marang Sèh Amongraga | liringe tan-tumama | [...] | mring Jèngraga tan kapadhan ||

90.

Mring Gungrimang nabêt liring | liringe kadhang linawan | myang mring Piturun kasamèn | Gungrimang mèsêm ing nala | ya ta lah tan kaya-a | yèn ta ...


Similar Free PDFs